Nang wulan Februari 2018 kieh, kelas 9 disibukna ganing tes-tes persiapan ujian. Sing pertama tanggal 14-15 Februari ning sekolah ngadakake simulasi UNBK sng ke 2, simulasi diadakna ana 3 sesi 2 dina.1 sesi ana 2 pelajaran, dina petama pelajarane bahasa indonesia karo matematika, dina selanjute pelajarane bahasa inggris karo ipa. kebetulan kelase aku, kelas 9D olih sesi pertama waktune mulai jam 07.30 - 09.30 nang dina pertama, selanjute nang dina ke 2 olih sesi ke 3 waktune mulai jam 13.00 - 14.30.
Nang tanggal 19 - 22 Februari kie diadakna try out tinggak smp n 2 tegal. Siswa kelas 7 karo 8 ora diliburna tapi makate jm 09.00. waktu mulai ujian kueh jam 07.00 - 09.00. Sedurunge try out dimulai kabeh siswa kelas 9 pada tadarus nang sanggar smp n 2 tegal, mbacane surat al waqiah, surat sing maling ampuh kanggo ngejaba doa-doa.
Pelajaran sing pertama senin,19 Februari yakue Bahasa Indonesia, menurute aku bahasa indonesia kue pelajaran sing lumayan gampang, ora angel cuman pilihane sing mbingungi. Beda karo dina sing ke 2 keweh pelajaran Matematika, pelajaran sing paling aku ora seneng, soale mumeti akeh itung-itungane.
Dina ke 3 pelajarane Bahasa Inggris, ning pelajaran kie dewek kudu bisa mahami makna bacaane. Sing terakhir dina rabu dina ke 4, pelajarane IPA ( Ilmu Pengetahuan Alam ). Ipa dibagi 3 kategori, sing pertama Fisika, sing materine isine ngitung rumus-rumus, sing ke 2 kimia, isine tentang hal hal kimia, selanjute sing terakhir yakue materi biologi, materi sing menurut aku piling gampang ketimbang fisika karo kimia.
Sawise try out rampung dewek tinggal nunggu hasile, saminggu selanjute siswa kelas 9 kudu nglanjutna materi sing durung rampung, targete saminggu kie kudu wis rampung, soale pan diadakna UAS kanggo kelas 9, terus UTS kanggo kelas 7,8.
Mulane mulai sing saiki aku kudu mipil sinau, kudu kurangi hal-hal sing ora ana manfaate kaya, dolanan hp, karo hal liyane. tpi dewek ora usah mikiri sing terlalu berat, bisa-bisa ngko dewek dadi stress terus mriang sing akhire ora melu tes. Dewek juga harus bisa jaga kondisi fisik karo mentale ben bisa melu tes.
Tambahan pelajaran khusus kelas 9 juga lagi dipercepat, soale delat maning pan ana ujian sekolah karo ujian nasional. aku kudu bisa masuk 10 besar, eben bisa mlebu ning SMA N 3 Tegal. Sekolah sing aku pengeni awit SD. Tapi ning dewek pan manjing mono, dewek kudu duwe nilai sing apik. Makane dewek kudu usaha supaya bisa mlebu ning SMA N 3 Tegal
0 komentar:
Posting Komentar