Minggu, 10 September 2017

MPRINGATI DINA KEMERDEKAAN (PENGALAMAN HARI KEMERDEKAAN)

    Saben wulan Agustus, nang sekolah mesti akeh  kegiatan lomba nggo memperingati dina kemerdekaan. anane kegiatan kiye kabeh siswa repot nyiapna diri nggo melu aneka werna jenis lomba, ana lomba nyanyi, mangan krupuk, pentung banyu, tarik tambang, futsal, welut,  karo sing liyane.
    lomba kiye diadakan endah bisa numbuhna rasa juang, endah menang dewek kudu jujur, karo ora gampang nyerah. kaya jiwa pejuang waktu mpertahana kemerdekaan indonesia.
    Nang lingkungan masyarakat Desa Pacul juga akeh kegiatan nggo mpringari dina kemerdekaan, para warga ibu-ibu, bapak-bapak, karo anak-anak  pada melu kerja bakti karo lomba sing diadakna nang Desa Pacul misale lomba tarik tambang, mangan krupuk, pentung banyu, bakyak, manjingna paku maring botol, karo pucang (panjat pinang).
    Lomba diadakna mulai dina kemis duhur, sawise kerja bakti. Lomba sing pertama dimulai yakue lomba mangan krupuk,pentung banyu, manjingna paku maring botol khusus anak-anak karo remaja. Bar kueh lomba bapak-bapak karo ibu-ibu lomba tarik tambang karo bakyak.
    Puncaka dina keis bengi acara sing paling ditunggu-tunggu kabeh warga yakue pucang (panjat pinang) pesertane ana 6 kelompok, sakelompok ana 5 wong. Pesertane kueh diantarane bapak-bapak karo pemuda-pemuda Desa Pacul.
    Sing paling menarik maning kueh pawai arak-arakan muteri desa, pesertane kabeh warga Desa Pacul, sing menaring maning kueh lomba ngehias gapura nang ngarep gang, kabeh wong pada gotong royong ngehias gapura. Aku seneng nemen setiap tanggal 17 Agustus soale para warga Desa Pacul pada kerja sama, saling gotong royong.
  

0 komentar:

Posting Komentar

Ujian Praktik

Wulan kie, wulan Maret delat maning pan diadakna ujian praktek nggo nilai ijazah. Ujian praktek diadakna kira-kira ning sajrone minggu kieh...