Kamis, 15 Maret 2018

Ujian Praktik

Wulan kie, wulan Maret delat maning pan diadakna ujian praktek nggo nilai ijazah. Ujian praktek diadakna kira-kira ning sajrone minggu kieh atawa minggu ngarep. Sedurunge diadakna ujian praktek, nang sekolah pan diadakna simulasi unbk sing ke 3 yakuwe tanggal 16-17 maret. Saminggu selanjute baru diadakna ujian praktek. Saben pelajaran kuweh ana ujian prakteke.

Ujian praktek agama diadakna 2 minggu sedurunge tanggal asline, prakteke yakuweh sholat. Dewek kudu milih salah siji antara sholat dhuha karo sholat tahajud. Praktek IPS kuweh dikon ngerjakna Power point perindividu. Praktek seni budaya kuweh ana 2, sing pertama seni musik, dewek dikon nyanyi bar kuweh direkam sawise hasile dikumpulna sakelas, sing ke 2 seni rupa dewek dikon nggambar sekarepe . Tapi diantara 2 kuweh dewek kudu milih salah sijine.

Ujian praktek bahsa inggris kuweh dikon ganti teks lisan maring teks tertulis, sadurunge ngerjakna dewek kudu maju njukut klintingan nggo milih nomor tekse. Ngerjaknane kudu meluni contoh sing wis digawe daning gurune. Ujian praktek TIK kuweh dikon gawe blogger 3 cerita, dari mulai wulan april sampe wulan maret.

Dene PKN, MAT, karo  kuweh laka ujian prakteke. Dewek kudu nggolet informasi tentang mata pelajaran sing ana ujian prakteke supaya ora ketinggalan, sakalae ujian praktek kie diadakna nang sela-sela waktu pelajaran, mulane dewek kudu ngarti jadwal prakteke. Ning dewek rangarti, dewek kudu takon maring kelas lain sing wis dingain ngarti, supaya deweke juga ngarti.

Nilai ijazah kuweh sebagian akehe saka nilai ujian praktek, kira-kira 60%, dene sisane seliyane yakuwe ujian sekolah, kira-kira 40%. Mulane dewek kudu bisa olih nilai akeh saka ujian praktek kiye, supaya nilai ijazahe apik.

Ning wulan Maret kie kelas 9 disibukna karo akeh kegiatan, selain simulasi unbk karo ujian praktek, kelas 9 pan ana latihan un 2 (LatUN ll). Dewek kudu siap kanggo ngadepine. Semoga ko dewek olih nilai apik saka nilai-nilai sedurunge. LatUN ll diadakna tanggal 26-29 maret 2018, mulane mulai saiki dewek kudu kenteng belajare karo ngurangi dolanan hp karo kegiatan laine sing ora berguna.

Kamis, 01 Maret 2018

Tes Nang Wulan Februari

Nang wulan Februari 2018 kieh, kelas 9 disibukna ganing tes-tes persiapan ujian. Sing pertama tanggal  14-15 Februari ning sekolah ngadakake simulasi UNBK sng ke 2, simulasi diadakna ana 3 sesi  2 dina.1 sesi ana 2 pelajaran, dina petama pelajarane bahasa indonesia karo matematika, dina selanjute pelajarane bahasa inggris karo ipa. kebetulan kelase aku, kelas 9D olih sesi pertama waktune mulai jam 07.30 - 09.30 nang dina pertama, selanjute nang dina ke 2 olih sesi ke 3 waktune mulai jam 13.00 - 14.30.

Nang tanggal 19 - 22 Februari kie diadakna try out tinggak smp n 2 tegal. Siswa kelas 7 karo 8 ora diliburna tapi makate jm 09.00. waktu mulai ujian kueh jam 07.00 - 09.00. Sedurunge try out dimulai kabeh siswa kelas 9 pada tadarus nang  sanggar smp n 2 tegal, mbacane surat al waqiah, surat sing maling ampuh kanggo ngejaba doa-doa.

Pelajaran sing pertama senin,19 Februari yakue Bahasa Indonesia, menurute aku bahasa indonesia kue pelajaran sing lumayan gampang, ora angel cuman pilihane sing mbingungi. Beda karo dina sing ke 2 keweh pelajaran Matematika, pelajaran sing paling aku ora seneng, soale mumeti akeh itung-itungane.

Dina ke 3 pelajarane Bahasa Inggris, ning pelajaran kie dewek kudu bisa mahami makna bacaane. Sing terakhir dina rabu dina ke 4, pelajarane IPA ( Ilmu Pengetahuan Alam ). Ipa dibagi 3 kategori, sing pertama Fisika, sing materine isine ngitung rumus-rumus, sing ke 2 kimia, isine tentang hal hal kimia, selanjute sing terakhir yakue materi biologi, materi sing menurut aku piling gampang ketimbang fisika karo kimia.

Sawise try out rampung dewek tinggal nunggu hasile, saminggu selanjute siswa kelas 9 kudu nglanjutna materi sing durung rampung, targete saminggu kie kudu wis rampung, soale pan diadakna UAS kanggo kelas 9, terus UTS kanggo kelas 7,8.

Mulane mulai sing saiki aku kudu mipil sinau, kudu kurangi hal-hal sing ora ana manfaate kaya, dolanan hp, karo hal liyane. tpi dewek ora usah mikiri sing terlalu berat, bisa-bisa ngko dewek dadi stress terus mriang sing akhire ora melu tes. Dewek juga harus bisa jaga kondisi fisik karo mentale ben bisa melu tes.

Tambahan pelajaran khusus kelas 9 juga lagi dipercepat, soale delat maning pan ana ujian sekolah karo ujian nasional. aku kudu bisa masuk 10 besar, eben bisa mlebu ning SMA N 3 Tegal. Sekolah sing aku pengeni awit SD. Tapi ning dewek pan manjing mono, dewek kudu duwe nilai sing apik. Makane dewek kudu usaha supaya bisa mlebu ning SMA N 3 Tegal




Kamis, 01 Februari 2018

Pengalaman Prei Wingi

Preinan wingi tanggal 24 - 27 desember 2017, aku lunga maring Lebaksiu bareng adine karo kakange. Tujuanne maring Lebaksiu yakue dadi suporter adine aku sing melu lomba keresidenan pekalongan tapak suci putera muhammadiyah mewakili SD Muhammadiyah umum pacul.

Adine aku manjing kategori SMP. Ning kana nginep telu wengi, dina pertama anggone pertandingan babak peralihan, waktu kueh adine aku lawan smp adiwerna. alhammdulillah bisa menang manjing babak semifinal. dina keloro anggone semifinal lawane salah siji SMP nang Pemalang waktune jam loro awan, alhamdulillah bisa menang masuk babak final.

Dina selanjute sadurunge final adine aku ngalami kendala, kendalane yakuwe berat badane over (naik), akhire karo nunggu adzan ashar aku ngancani adine mlayu anggo jas udan nganti berat badane turun kaya pas awal. Alhamdulillah sawise sholat ashar nyoba ditimbang akhire turun

Sebenere pas malem keloro adine aku dikon nginep nang smk farmasi lebaksiu, tapi karna laka batire akhire ora sida nginep. Sawise sholat isya garo nunggu jadwal final aku, mbakku karo adikku nonton semifinale sma atau smk. Ternyata pas jadwale wis olih adine aku olih urutan final ke loro pas dina ke telu. akhire aku blk jm  11.54 bengi saka lebaksiu, sampe nang umah kira kira jam setengah 1  luwihan.

Dina selanjute adine aku mangkat saka umah jam setengah 6 esuk. teka ning kana kurang luwih jam set 8 kanggo nerima hadiah. ning kana kabeh peserta simg menang di undang siji-siji kon manjat panggung nggo nerima  penghargaan piala, duit, piagam, karo beasiswa( khusus juara 1)

Ujian Praktik

Wulan kie, wulan Maret delat maning pan diadakna ujian praktek nggo nilai ijazah. Ujian praktek diadakna kira-kira ning sajrone minggu kieh...