Kamis, 01 Februari 2018

Pengalaman Prei Wingi

Preinan wingi tanggal 24 - 27 desember 2017, aku lunga maring Lebaksiu bareng adine karo kakange. Tujuanne maring Lebaksiu yakue dadi suporter adine aku sing melu lomba keresidenan pekalongan tapak suci putera muhammadiyah mewakili SD Muhammadiyah umum pacul.

Adine aku manjing kategori SMP. Ning kana nginep telu wengi, dina pertama anggone pertandingan babak peralihan, waktu kueh adine aku lawan smp adiwerna. alhammdulillah bisa menang manjing babak semifinal. dina keloro anggone semifinal lawane salah siji SMP nang Pemalang waktune jam loro awan, alhamdulillah bisa menang masuk babak final.

Dina selanjute sadurunge final adine aku ngalami kendala, kendalane yakuwe berat badane over (naik), akhire karo nunggu adzan ashar aku ngancani adine mlayu anggo jas udan nganti berat badane turun kaya pas awal. Alhamdulillah sawise sholat ashar nyoba ditimbang akhire turun

Sebenere pas malem keloro adine aku dikon nginep nang smk farmasi lebaksiu, tapi karna laka batire akhire ora sida nginep. Sawise sholat isya garo nunggu jadwal final aku, mbakku karo adikku nonton semifinale sma atau smk. Ternyata pas jadwale wis olih adine aku olih urutan final ke loro pas dina ke telu. akhire aku blk jm  11.54 bengi saka lebaksiu, sampe nang umah kira kira jam setengah 1  luwihan.

Dina selanjute adine aku mangkat saka umah jam setengah 6 esuk. teka ning kana kurang luwih jam set 8 kanggo nerima hadiah. ning kana kabeh peserta simg menang di undang siji-siji kon manjat panggung nggo nerima  penghargaan piala, duit, piagam, karo beasiswa( khusus juara 1)

Ujian Praktik

Wulan kie, wulan Maret delat maning pan diadakna ujian praktek nggo nilai ijazah. Ujian praktek diadakna kira-kira ning sajrone minggu kieh...