Minggu, 03 Desember 2017

Foto BTS (Foto album kenangan SMP N 2 Tegal)

    Jumat wingi tanggal 24-11-2017 kelas 9D SMP Negeri 2 Tegal ngadakna foto bareng kanggo album kenangan. Tempate nang Trans Jaya Sport/PKTJ, sebenere foto album pan diadakna nang Sanur tegal, kelas 9D njukut temane sing go foto traveling.

     Fotone anggo klambi 2 setel, klambi pertama go foto bareng guru karo kanca-kanca sekelas, klambine warna biru, krudunge warna abang, klambi ke loro warna putih krudung ireng go foto bareng kelompok, kelompoke aku njukut tema ireng putih.

     Sakelompok ana 6-7 bocah, nang kelas 9D jumlah siswane ana 31 bocah gadine 1 kelas ana 5 kelompok ana sing 6 ana sng 7. saben kelompok njukut temane beda-beda, lokasi sing nggo foto juga beda-beda.

    Sebenere foto album kueh wis diomongi awit wulan Juli supaya foto bisa dilaksanama sadurunge wulan Desember, tujuane eben semester loro dewek bisa fokus belajar nggo ngadepi ujian, soale dewek wis kelas 9.

    Alhamdulillah jumat wingi acara foto kelas 9D lancar awit mulai nganti akhir walaupun cuacane  cukup mendung karo wis sore. Aku karo kanca-kanca kelas 9D seneng nemen akhire bisa foto nggo album kenangan sekolah.

Ujian Praktik

Wulan kie, wulan Maret delat maning pan diadakna ujian praktek nggo nilai ijazah. Ujian praktek diadakna kira-kira ning sajrone minggu kieh...