Wulan Oktober, delat maning pan diadakna kemah siswa/siswi smp n 2 tegal, tanggal 18,19,karo 20 oktober nang Yon Zipur (Slawi). Aku wis nyiapna perlengkapan regu, diantarane tiker, pasak, garem krosok, lampu emergenci.Nama regune aku sakura, sing anggotane ana 7, aku Dela, Dea, Fitri, Fayi, Zalfa, Windi, trus ketuane Ismi.
Nang kana aku kudu njaga kesehatan awak, ora njajan sembarang karo mangan sing teratur, aku wis nyaipna perlengkapan pribadi. semoga kemah taun kieh luwih kepenak saka taun wingi.
Aku seneng ana kegiatan kemah soale nang kana dewek bisa mandiri, Bisa ketemu akeh kanca, bisa ngrasakna urip sederhana, laka tv, kipas angin karo barang-barang elektronik liyane.
Nang kana dewek diajari mandiri contone mbangun tenda tanpa bantuan wong laine kecuali tim regune dewek, disiplin waktu contone setiap ana aba-aba baris dewe kudu langsung baris, kebersamaan sing kuat seneng bareng susah bareng.
Sing terakhir kuwe nang kana aku diajari sabar, sabar nggo ngantri adus karo wudhu. semoga taun kieh kemahe lancar, sehat awit mangkat sampe balik.