Minggu, 17 September 2017

PERSIAPAN MENJELANG UTS

    Wulan September, delat maning pan di adakna  UTS ( Ulangan Tengah Semester 1 ) kira-kira tanggal 25. Aku durung siap, tapi insya allah pas UTS aku ws siap. Minggu kieh aku wis nyiapna materi sing pan go UTS, wis mulai tak pipil mbaca- mbaca karo latihan ngerjakna soal-soal latihan.
     Aku mulai ngurangi kegiatan dolan,karo kegiatan laine sing ora ana manfaate, ngurangi dolanana hp. Ora klalen aku njaluk tulung maring gusti allah, semoga aku dilancarna waktu ngerjakna soal Uts, semoga olih nilai sing apik. 
    Aku pengen nemen olih nilai sing apik nang kabeh pelajaran. Aku kepengen olih nilai minimal 85. Setiap UTS mesti duwe cara dewek-dewek nggo belajar.
    Cara sing dilakukna aku kuwe diantarane ngrangkum materi sing pan nggo UTS terus dipahami, Waktu belajare biasane sajam setengah sawise maghrib bar kuwe setengah jam sawise tahaju karo barsubuh.
   Semoga UTS kieh aku nilaine apik, tpi ning olihe jelek ora papa sing penting hasil usahane dewek.

Minggu, 10 September 2017

MPRINGATI DINA KEMERDEKAAN (PENGALAMAN HARI KEMERDEKAAN)

    Saben wulan Agustus, nang sekolah mesti akeh  kegiatan lomba nggo memperingati dina kemerdekaan. anane kegiatan kiye kabeh siswa repot nyiapna diri nggo melu aneka werna jenis lomba, ana lomba nyanyi, mangan krupuk, pentung banyu, tarik tambang, futsal, welut,  karo sing liyane.
    lomba kiye diadakan endah bisa numbuhna rasa juang, endah menang dewek kudu jujur, karo ora gampang nyerah. kaya jiwa pejuang waktu mpertahana kemerdekaan indonesia.
    Nang lingkungan masyarakat Desa Pacul juga akeh kegiatan nggo mpringari dina kemerdekaan, para warga ibu-ibu, bapak-bapak, karo anak-anak  pada melu kerja bakti karo lomba sing diadakna nang Desa Pacul misale lomba tarik tambang, mangan krupuk, pentung banyu, bakyak, manjingna paku maring botol, karo pucang (panjat pinang).
    Lomba diadakna mulai dina kemis duhur, sawise kerja bakti. Lomba sing pertama dimulai yakue lomba mangan krupuk,pentung banyu, manjingna paku maring botol khusus anak-anak karo remaja. Bar kueh lomba bapak-bapak karo ibu-ibu lomba tarik tambang karo bakyak.
    Puncaka dina keis bengi acara sing paling ditunggu-tunggu kabeh warga yakue pucang (panjat pinang) pesertane ana 6 kelompok, sakelompok ana 5 wong. Pesertane kueh diantarane bapak-bapak karo pemuda-pemuda Desa Pacul.
    Sing paling menarik maning kueh pawai arak-arakan muteri desa, pesertane kabeh warga Desa Pacul, sing menaring maning kueh lomba ngehias gapura nang ngarep gang, kabeh wong pada gotong royong ngehias gapura. Aku seneng nemen setiap tanggal 17 Agustus soale para warga Desa Pacul pada kerja sama, saling gotong royong.
  

Ujian Praktik

Wulan kie, wulan Maret delat maning pan diadakna ujian praktek nggo nilai ijazah. Ujian praktek diadakna kira-kira ning sajrone minggu kieh...